
“Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan
“Merasa serba punya” dan “Serba punya rasa” hanya tulisan yang dibolak-balik saja, tetapi maknanya seperti bumi dan langit. Yang pertama menunjukkan watak suka pamer, bengis perilakunya dan kalau mengejar angan-angan tidak mempedulikan tindakan tidak benar. Semua perbuatan nista akan dilakukan dengan berani. Adapun yang kedua, perilakunya penuh belas kasih, bijaksana dalam semua hal dan merasa dosa bila membuat kerugian orang lain.

0 comments:
Post a Comment